Cerkak ( Cerito cekak)
GIGOLO
Aku kerep salah karo wong lanang, akeh seng cerak karo aku tapi ora no no seng dadi bojoku nganti saiki. Aku ora ngerti salahku opo, yo mesti aku seng salah,soale milih- milih.
Aku wes tau cerak karo wong lanang seng bagus tur mutungan, elek tur apikkan , perlente jebule wes due bojo, lanangan iseng yo akeh...saking akehe ketemu karo lanangan iseng, kerep ora kepenaran, aku dadi ora seneng eneh golek-golek, wegah kenalan, males dikenalke eneh, aku pasrah wae saiki marang kersan Gusti
Ing sawijining dina,aku kepincut karo lanangan ganteng, koncone tonggoku seng mekso aku ketemuan karo dekne, wonge alus tur sopan, kerep moro neng omah karo nggawakke aku oleh-oleh panganan ndeso..aku seneng banget lan rumongso dekne seneng ro aku..
Saben dino tak tunggu, dekne teko meneh neng omahku, mbok menawa ngajakki aku rabi, nyatane ora teko- teko, tiwas aku le ngangen marang dekne kedhuwuren, aku wes pengen bebojoan, nyandhing wong lanang, sing iso ngancani uripku nganti mati...
Sak ngertiku dekne kui anak terakhir, lanang dewe, due usaha neng Solo, due anak buah, perlente tur ketok nek wes mapan, aku durung ngerti keluargane amarga aku durung tau dikenalke babar blas. Aku ngarep, ngarep nganti kegawa ngimpi...
Aku ra iso turu amarga aku rumongso dekne kui bakal calon bojoku, seko pertama aku mat - matan karo deknen,kok rasane jantungku meh copot, aku rung tau ngrasakke aneh ngeneki kejobo karo deknen, opo iki seng jenenge tresno ?
Dekne tak WA kok ra tau mbales, dekne kok ra tau nelpon, dekne yo ra tau DM po meneh ngajak chat, padahal jaman saiki medsos akeh tur kari milih, sui- sui aku juk mikir mbok menawa dekne ono wong liyo liane aku, utowo dekne ora seneng karo aku...Sek- sek, dudu aku yen aku ora nggolek nggolek sejatine dekne kui piye to, anakke sopo, piye karepe...lan seneng ora karo aku.
Aku stalking - stalking FB ne dekne, tak delok koncone yo biasa wae, komentar- komentare tak delok, kok sui -sui komentare akeh sek rusuh koyoto nek dekne kui arep due bojo nek wes jangkep sepuluh eh malah akeh seng dho ngonekke nek dekne ki wes ra jaka neng komentare kui, aku juk mikir, gek- gek dekne ki pancen wes ra jaka tenan, dolanane wong wadhon? Maklum dekne mbiyen wes tau dadi ABK neng luar negeri..
Mbengi iku aku stalking lan nemu konco wedhok sing kiro-kiro cerak seko komentare, tak message deknen, dekne mbales lan ngaku nek dekne kui pacar pertamane, malah juk crito macem-macem, crito seng marakke aku ra iso turu pirang- pirang dino, aku stres sedelo, piye ora stres aku malah dicritani nek dekne kui lanangan nakal, wes turu karo atusan wadon, seneng dugem lan sejenise, basan kui, dekne kui due masalah keluarga lan masalah-masalah liane seng marakke mumet
Aku ra percoyo dekne koyo ngono kui, ora nyongko, nyolong pethek, opo aku seng kudhuwuren ngarep, rung reti asal usule wes ngarep pengen rabi, aku remuk, aku ambyar, aku gelo, aku nangis sesenggukan, aku ra percoyo deknen koyo ngono kui, sopo ngerti koncone meng ngapusi karo aku, sopo ngerti koncone loro ati mergo putus cinta
Aku isih ra percaya, nganti sakwijining dino aku kepethuk koncoku lawas neng mall gandengan karo dekne, gandengan mesra koyo wong wes bebojoan, sakdurunge kui koncoku lawas sing wes janda kui curhat nek dekne lagi seneng karo wong lanang kepati-pati , urip bebarengan tanpo ikatan...kumpul kebo alias nyimpen gigolo, seng dikontrak pirang-pirang sasi lan diragati ben sasine....
Aku isih ra percoyo, tak jiwiti tanganku, aku ora ngimpi, meh semaput aku ambruk neng pojokkan mall, ambyar...
jebule sing tak tresnani gigolo



Komentar
Posting Komentar